Rabu, 03 Maret 2010

SUGENG RAWUH
ING


DESA-PANCASAN.BLOGSPOT.COM
FORUM SILATURAHMI VIRTUAL


Forum Silaturahmi lan Komunikasi
kangge sedaya pemirsa,
utaminipun wargi Desa Pancasan
ingkang seniki
jajah dunya milang kori
ing lintu dusun, tlatah utawi mancanagari
sedrema ngudarasa, tamba kangen sedulur,
sekalane dereng kober tilik biyung.

Urun wargi, arupi tulisan, foto utawi video
dipun ajeng-ajeng kanthi mongkoging ati.

Kula sami ugi nenggo saking sedaya
ingkang nggatekaken desa lan pedesaan.
Saran napa kritik, utawi lintunipun
ingkang temuju nggugah daya masyarakat
kangge kabegjan sesarengan.


Nuwun
SALAM


pengelola <>
<>